detiknews, bbcnews, cnn

Rabu, 08 Februari 2012

RAMALAN JAYABAYA - KITAB MUSARAR -

RAMALAN JAYABAYA MUSARAR

(Asmarandana)

1.
Kitab Musarar inganggit,
Duk Sang Prabu Joyoboyo,
Ing Kediri Kedathone,
Ratu agagah prakoso,
Tan ana kang malanga,
Parang muka samya teluk,
Pan sami ajrih sadaya.


2.
Milane sinungan sakti,
Bathara Wisnu punika,
Anitis ana ing kene,
Ing Sang Prabu Jayabaya,
Nalikane mangkana,
Pan jumeneng Ratu Agung,
Abala para Narendra.

3.
Wusnya mangkana winarni,
Lami-lami apeputra,
Jalu apekik putrane,
Apanta sampun diwasa,
Ingadekaken raja,
Pagedongan tanahipun,
Langkung arja kang nagara.

4.
Maksihe bapa anenggih,
Langkung suka ingkang rama,
Sang Prabu Jayabayane,
Duk samana cinarita,
Pan arsa kutamiyan,
Raja Panita saking Rum,
Nama Sultan Maolana.

5.
Ngali Samsujen kang nami,
Sapraptane sinambrana,
Kalawan pangabektine,
Kalangkung sinuba suba,
Rehning tamiyan raja,
Lan seje jinis puniku,
Wenang lamun ngurmatana.

6.
Wus lenggah atata sami,
Nuli wau angandika,
Jeng Sultan Ngali Samsujen,
“Heh Sang Prabu Jayabaya,
Tatkalane ta iya,
Apitutur ing sireku,
Kandhane Kitab Musarar.

7.
Prakara tingkahe nenggih,
Kari ping telu lan para,
Nuli cupet keprabone,
Dene nuli ta sinelan,
Liyane teka para,”
Sang Prabu lajeng andeku,
Wus wikan titah Bathara.

8.
Lajeng angguru sayekti,
Sang Prabu Jayabaya,
Mring Sang Raja panditane,
Rasane Kitab Musarar,
Wis tunumplak sadaya,
Lan enget wewangenipun,
Yen kantun nitis ping tiga.

9.
Mbenjing pinernahken nenggih,
Sang-a Prabu Jayabaya,
Aneng sajroning tekene,
Ing guru Sang-a Pandita,
Tinilar aneng Kakbah,
Imam Supingi kang nggadhuh,
Kinarya nginggahaken kutbah.

10.
Ecis wesi Udharati,
Ing tembe ana Molana,
Pan cucu Rasul jatine,
Alungo mring Tanah Jawa,
Nggawa ecis puniku,
Dadi pundhen bekel Jawa.

11.
Raja Pandhita apamit,
Musna saking palenggahan,
Tan antara ing lamine,
Pan wus jangkep ing sewulan,
Kondure Sang Pandhita,
Kocapa wau Sang Prabu,
Animbali ingkang putra.

12.
Tan adangu nulya prapti,
Apan ta lajeng binekta,
Mring kang rama ing lampahe,
Minggah dhateng ardi Padhang,
Kang putra lank eng rama,
Sakpraptanira ing gunung,
Minggah samdyaning arga.

13.
Wonten ta ajar satunggil,
Anama Ajar Subrata,
Pan arsa methuk lampahe,
Mring sang Prabu Jayabaya,
Ratu kang namur lampah,
Tur titis Bathara Wisnu,
Njalma Prabu Jayabaya.

14.
Dadya Sang Jayabaya ji,
Waspada reh samar-samar,
Kinawruhan sadurunge,
Lakune jagad karana,
Tindake raja-raja,
Saturate laku putus,
Kalawan gaib sasmita.

15.
Yen islama kadi nabi,
Ri Sang aji Jayabaya,
Cangkraming ardi wus suwe,
Apanggih lawan ki Ajar,
Ajar ing gunung Padhang,
Awindon tapane guntur,
Dadi barang kang cinipta.

16.
Gupuh methuk ngacarani,
Wis tata dennya alenggah,
Ajar angundang endhange,
Siji nyunggi kang rampadan,
Isine warna-warna,
Sapta warna kang sesuguh,
Kawolu lawan ni ending.

17.
Juwadah kehe satakir,
Lan bawang putih satalam,
Kembang melathi saconthong,
Kalawan getih sapitrah,
Lawan kunir sarimpang,
Lawan kajar sawit iku,
Kang saconthong kembang mojar.

18.
Kawolu ending sawiji,
Ki Ajar pan atur sembah,
“Punika sugataningong,
Katura dhateng paduka,”
Sang Prabu Jayabaya,
Awas denira andulu,
Sedhet anarik curiga.

19.
Ginoco ki Ajar mati,
Endhange tinuweg pejah,
Dhuwung sinarungken age,
Cantrike sami lumajar,
Ajrih dating sang nata,
Sang Rajaputra gegetun,
Mulat solahing kang rama.

20.
Arsa matur putra ajrih,
Lajeng kondur sakaliyan,
Sapraptanira kedhaton,
Pinarak lan ingkang putra,
Sumiwi munggweng ngarsa,
Angandika Sang-a Prabu,
Jayabaya mring kang putra.

21.
“Heh putraningsung tan kaki,
Sira wruh solahing Ajar,
Iya kang mati dening ngong,
Adosa mring guruningwang,
Jeng Sultan Molana,
Ngali Samsujen ta iku,
Duk maksih sami nom-noman.

(Sinom)

1.
Pan iku uwis winejang,
Mring guru Pandita Ngali,
Rasane kitab Musarar,
Iya padha lawan mami,
Nanging anggelak janji,
Cupet lelakoning ratu,
Iya ing tanah Jawa,
Ingsun pan wus den wangeni,
Kari loro kaping telune ta ingwang.

2.
Yen wis anitis ping tiga,
Nuli ana jaman maning,
Liyane panggaweningwang,
Apan uwus den wangeni,
Mring pandita ing nguni,
Tan kena gingsir ing besuk,
Apan talinambangan,
Dene Maolana Ngali,
Jaman catur semune segara asat.

3.
Mapan iku ing Jenggala,
Lawan iya ing Kediri,
Ing Singasari Nurawan,
Patang ratu iku maksih,
Bubuhan ingsun kaki,
Mapan ta during kaliru,
Negarane raharja,
Rahayu kang bumi-bumi,
Pan wus wenang anggempur kang dora cara.

4.
Ing nalika satus warsa,
Rusake Negara kaki,
Kang ratu patang Negara,
Nuli salin alam malih,
Ingsun nora nduweni,
Nora kena milu-milu,
Pan ingsun wus pinisah,
Lan sedulur bapa kaki,
Wus ginaib prenahe panggonan ingwang.

5.
Ing sajroning kekarah,
Ing tekene guru mami,
Kang nama raja Pandita,
Sultan Maolana Ngali,
Samsujen iku kaki,
Kawruhana ta ing mbesuk,
Saturun turunira,
Nuli ana jaman maning,
Anderpati arane Kalawisesa.

6.
Apan sira linambangan,
Sumilir kang naga kentir,
Semune liman papeka,
Pejajaran kang negari,
Ilang tingkahing becik,
Nagara kramane suwung,
Miwah yudanegara,
Nora ana anglabeti,
Tanpa adil satus taun nuli sirna.

7.
Awit perang padha kadang,
Dene pametune bumi,
Wong cilik pajeke emas,
Sawab ingsun den suguh,
Marang si Ajar dhingin,
Kunir sarimpang ta ingsun,
Nuli asalin jaman,
Majapahit kang nagari,
Iya iku sang-a Prabu Brawijaya.

8.
Jujuluke Sri Narendra,
Peparah Sang Rajapati,
Dewanata alam ira,
Ingaran Anderpati,
Samana apa nenggih,
Lamine sadasa windu,
Pametuning nagara,
Wedale arepa picis,
Sawab ingsun den suguhi mring si Ajar.

9.
Juwadah satakir iya,
Sima galak semu neggih,
Curiga kethul kang lambang,
Sirna salin jaman maning,
Tanah Galagahwangi,
Pan ing Demak kithanipun,
Kono ana agama,
Tetep ingkang amuwarni,
Ajejuluk Diyati Kalawisaya.

10.
Swidak gangsal taun sirna,
Pan Jumeneng Ratu Adil,
Para wali lan pandhita,
Sadaya pan samya asih,
Pametune wong cilik,
Ingkang katur marang Ratu,
Rupa picis lan uwang,
Sawah ingsun den suguhi,
Kembang mlathi mring ki Ajar gunung Padhang.

11.
Kaselak kampuhe bedhah,
Kekesahan during kongsi,
Iku lambange dyan sirna,
Nuli ana jaman maning,
Kalajangga kang name,
Tanah Pajang kuthanipun,
Kukume telad Demak,
Tan tumurun marang siwi,
Tigangdasa enem taun nuli sirna.

12.
Semune lambange Cangkrama,
Putung ingkang watang nenggih,
Wong ndesa pajege sandhang,
Picis ingsun den suguhi,
Iya kajar sauwit,
Marang si Ajar karuhun,
Nuli asalin jaman,
Ing Mataram kang nagari,
Kalasakti Prabu Anyrakakusumo.

13.
Kinaluhutan ing bala,
Kuwat prang retune sugih,
Keringan ing nungsa Jawa,
Tur iku dadi gegenti,
Ajar lan para wali,
Ngulama lan para nujum,
Miwah para pandhita,
Kagelang dadi sawiji,
Ratu dibya ambeg dadi paramarta.

14.
Sudibya apari karma,
Alus sebaraning budi,
Wong cilik wadale reyal,
Sawab ingsun den suguhi,
Arupa bawang putih,
Mring ki Ajar iku mau,
Jejuluke Negara,
Retune ingkang miwiti,
Surakalpa semune lintang sinipat.

15.
Nuli kembang sempol tanpa,
Modin sreban lambang nenggih,
Panjenengan kaping papat,
Retune ingkang mekasi,
Apan dipun lambangi,
Kalpa sru kanaka putung,
Satus taun pan sirna,
Wit mungsuh sekutu sami,
Nuli ana nakoda dhateng merdagang.

16.
Iya aneng tanah Jawa,
Angempek tanah sethithik,
Lawas-lawas tumut aprang,
Unggul sasolahe nenggih,
Kedhep neng tanah Jawi,
Wus ngalih jamanireku,
Maksih turun Mataram,
Jejuluke kang negari,
Nyakrawati kedhatone tanah Pajang.

17.
Ratu abala bacingah,
Keringan ing nuswa Jawi,
Kang miwiti dadi raja,
Jejuluke Layon Keli,
Semu satriya brangti,
Iya nuli salin ratu,
Jejuluke sang nata,
Semune kenya musoni,
Nora lawas nuli salin panjenengan.

18.
Dene jejuluke nata,
Lung gadung rara nglinkasi,
Nuli salin gajah meta,
Semune tengu lelaki,
Sewidak warsa nuli,
Ana dhawuhing bebendu,
Kelem negaranira,
Kuwur tataning negari,
Duk semana pametune wong ing ndesa.

19.
Dhuwit anggris lawan uwang,
Sawab ingsun den suguhi,
Rupa getih mung sapitrah,
Nuli retu kang nagari,
Ilang barkating bumi,
Tatane Parentah rusuh,
Wong cilik kesrakatan,
Tumpa-tumpa kang bilahi,
Wus pinesthi nagri tan kena tinambak.

20.
Bojode ingkang Negara,
Narendra pisah lan abdi,
Prabupati sowing-sowang,
Samana ngalih nagari,
Jaman Kutila genti,
Kara Murka ratunipun,
Semana linambangan,
Dene Maolana Ngali,
Panji karo semune Pajang Mataram.

21.
Nakoda melu wasesa,
Kaduk bandha sugih wani,
Sarjana sirep sadaya,
Wong cilik kawelas asih,
Mah omah bosah-basih,
Katarajang marga agung,
Panji loro dyan sirna,
Nuli rara ngangsu sami,
Randha karo nututi pijer tetukar.

22.
Tan kober paes sarira,
Sinjang kemben tan tinolih,
Lajengipun sinung lambang,
Dene Maolana Ngali,
Samsujen Sang-a Yogi,
Tekane Sang Kala Bendu,
Ing Semarang Tembayat,
Poma den samya ngawruhi,
Sasmithane lambing kang kocap punika.

23.
Dene pajege wong ndesa,
Akeh warninira sami,
Lawan pajeg mundak-mundak,
Yen panen datan maregi,
Wuwuh suda ing bumi,
Wong dursilo saya ndarung,
Akeh dadi durjana,
Wong gedhe atine jail,
Mundhak tahun mundhak bilaining praja.

24.
Kukum lan yuda nagara,
Pan nora na kang nglabeti,
Salin-salin kang parentah,
Aretu patraping adil,
Kang bener-bener kontit,
Kang bandhol-bandhol pan tulus,
Kang lurus-lurus rampas,
Setan mindha wahyu sami,
Akeh lali mring Gusti miwh wong tuwa.

25.
Ilang kawiranganingdyah,
Sawab ingsun den suguhi,
Mring ki Ajar gunung Padang,
Arupa ending sawiji,
Samana den etangi,
Jaman sewu pitung atus,
Pitung puluh pan iya,
Wiwit prang tan na ngaberi,
Nuli ana lamate negara rengka.

26.
Akeh ingkang gara-gara,
Udan salah mangsa prapti,
Akeh lindhu lan grahana,
Dalajate salin-salin,
Pepati tanpa aji,
Amun ing jaman sewu,
Wolung atus ta iya,
Tanah Jawa pothar-pathir,
Ratu Kara Murka Kuthila pan sirna.

27.
Dene besuk nuli ana,
Tekanae kang Tunjung putih,
Semune Pudhak kesungsang,
Bumi Mekah dennya lair,
Iku kang angratoni,
Jagad kabeh ingkang mengku,
Juluk Ratu Amisan,
Sirep musibating bumi,
Wong nakoda melu manjing ing samuwan.

28.
Prabu trusing waliyulah,
Kadhatone pan kekalih,
Ing Mekah ingkang satunggal,
Tanah Jawi kang sawiji,
Prenahe iku kaki,
Perak lan gunung Perahu,
Sakulone Tempuran,
Balane samya jrih asih,
Iya iku ratu rinenggeng sajagad.

29.
Kono ana pangapura,
Ajeg kukum lawan adil,
Wong cilik pajege dinar,
Sawab ingsun den suguhi,
Iya kembang saruni,
Mring ki Ajar iku mau,
Ing nalika samana,
Mulya jeneng narpati,
Tur abagus eseme lir madu puspa.

(Dandanggula)

1.
Langkung arja jamane narpati,
Nora nama pan ingkang nanggulangi,
Wong desa iku wadale,
Kang duwe pajeg sewu,
Pan simuda dening Narpati,
Mung metu satus dinar,
Mangkana winuwus,
Jamanira pan pinetang,
Apan sewu wolungatus anenggih,
Retune nuli sirna.

2.
Ilang tekan kadhatone sami,
Nuli rusak ing nungsa Jawa,
Nora karuwan tatane,
Pra nayaka sadarum,
Miwah manca negara sami,
Pada sowing-sawangan,
Mangkana winuwus,
Mangka Allahu Tangala,
Anjenengken Sang Ratu Asmarakingkin,
Bagus maksih taruna.

3.
Iku mulih jenenge narpati,
Wadya punggawa sujud sadaya,
Tur padha rena prentahe,
Kadhatone winuwus,
Ing Kediri ingkang satunggil,
Kang siji tanah Ngarab,
Karta jamanipun,
Duk semana pan pinetang,
Apan sewu luwih sangangatus anenggih,
Negaranira rengka.

4.
Wus ndilalah kersaning Hyang Widhi,
Ratu Peranggi anulya prapta,
Wadya tambah wilangane,
Prawirane kalangkung,
Para ratu kalah ngajurit,
Tan ana kang naggulang,
Tanah Jawa gempur,
Wus jumeneng tanah Jawa,
Ratu Prenggi berbudi kras anglangkungi,
Tetep neng tanah Jawa.

5.
Enengena Sang Nateng Parenggi,
Prabu ing Rum ingkang ginupita,
Lagya siniwi wadyahe,
Kaya patih mungweng ngayun,
Angandika Sri Narapati,
“Heh patih ingsun myarsa,
Tanah Jawa iku ing mangke retune sirna,
Iya perang klawan Ratu Parenggi,
Tan ana kang naggulang.

6.
Iku patih mengkata tumuli,
Anggawaa ta sabalanira,
Poma tundungen den age,
Yen nora lunga iku,
Nora ingsun lilani mulih,”
Ki Patih sigra budal,
Saha balanipun,
Ya ta prapta Tanah Jawa,
Raja Prenggi tinundung dening ki Patih,
Sirna sabalanira.

7.
Nuli rena manahe wong cilik,
Nora ana kang budi sangsaya,
Sarwa murah tetukone,
Tulus ingkan tinandur,
Jamanira den jujuluki,
Gandrung-gandrung ing marga,
Andulu wong gelung,
Kekendon lukar kawratan,
Keris parung dolen tukokeno nuli,
Campur bawur mring pasar.

8.
Sampun tutug kalih ewu warsi,
Sunya ngegana tanpa tuminggal,
Yo meh tekan dalajate,
Yen Kiamat puniku,
Ja majuja tabatulihi,
Annuli larang udan,
Angin topan rawuh,
Tamungkeb sabumi alam,
Saking kidul wetan ingkang andatengi,
Ambedol ponang arga.

Terjemahan Bebas :

(Asmarandana)

1. Kitab Musarar dibuat tatkala Prabu Jayabaya di Kediri yang gagah perkasa. Musuh takut dan takluk, tak ada yang berani.

2. Beliau sakti sebab titisan Batara Wisnu. Waktu itu sang Prabu menjadi raja agung, pasukannya raja-raja.

3. Terkisahkan bahwa Sang Prabu punya anak lelaki yang tampan. Sesudah dewasa dijadikan raja di Pagedongan. Sangat raharja negaranya.

4. Hal tersebut menggembirakan Sang Prabu. Waktu itu tersebutkan Sang Prabu akan mendapat tamu, seorang raja pandita dari Rum, bernama Sultan Maolana.

5. Lengkapnya bernama Ngali Samsujen. Kedatangannya disambut sebaik-baiknya. Sebab tamu tersebut seorang raja pandita lain bangsa, pantas dihormati.

6. Setelah duduk, Sultan Ngali Samsujen berkata, “Sang Prabu Jayabaya, perkenankan saya member petuah padamu mengenai Kitab Musarar.

7. Yang menyebutkan tinggal tiga kali lagi kemudian kerajaanmu akan diganti oleh orang lain.” Sang Prabu mendengarkan dengan sebaik-baiknya. Karena beliau telah mengerti kehendak Dewata.

8. Sang Prabu segera menjadi murid Sang Raja Pandita. Segala isi Kitab Musarar sudah diketahui semua. Beliaupun ingat tinggal menitis tiga kali.

9. Kelak akan diletakkan dalam teken Sang Pandita yang ditinggal di Kakbah yang membawa imam Supingi untuk menaikkan kutbah.

10. Senjata ecis itu yang bernama Udharati. Dikelak kemudian hari ada Maolana masih cucu Rasul yang mengembara sampai ke Pulau Jawa membawa ecis tersebut. Kelak menjadi punden Tanah Jawa.

11. Raja Pandita pamit dan musnah dari tempat duduk. Kemudian terkisahkan setelah satu bulan Sang Prabu memanggil putranya.

12. Setelah sang putra datang langsung diajak ke gunung Padang. Ayah dan putra itu setelah datang lalu naik gunung.

13. Di sana ada Ajar bernama Ajar Subrata. Menjemput Prabu Jayabaya, seorang raja yang berincoknito termasuk titisan Batara Wisnu.

14. Karenanya Sang Prabu sangat waspada, tahu sebelum kejadian mengenai raja-raja, karena Sang Prabu menerima sasmita gaib.

15. Bila Islam seperti Nabi. Prabu Jayabaya bercengkrama di gunung sudah lama. Bertemu dengan ki Ajar di gunung Padang. Yang bertapa brata sehingga apa yang dikehendaki terjadi.

16. Tergopoh-gopoh menghormati. Setelah duduk ki Ajar memanggil seorang endang yang membawa sesaji. Berwarna-warni isinya. Tujuh warna-warni dan lengkap delapan dengan endangnya.

17. Jadah (ketan) setakir, bawang putih satu talam, kembang melati satu bungkus, darah sepitrah, kunir sarimpang, sebatang pohon kajar dan kembang mojar satu bungkus.

18. Kedelapan endang seorang. Kemudian ki Ajar menghaturkan sembah, “Inilah hidangan kami untuk Sang prabu.” Sang Prabu waspada kemudian menarik kerisnya.

19. Ki Ajar ditikam mati. Demikian juga endangnya. Keris kemudian dimasukkan lagi. Cantrik-cantrik berlarian karena takut. Sedangkan raja putra kecewa karena melihat perbuatan ayahnya.

20. Sang putra akan bertanya merasa takut. Kemudian merekapun pulang. datang di kedaton, Sang Prabu berbicara dengan putranya.

21. “Heh anakku. Kamu tahu ulah si Ajar yang saya bunuh. Sebab berdosa kepada guru saya Soltan Maolana Ngali Samsujen tatkala masih muda.

(Sinom)

1. Dia itu sudah diwejang (diberitahu) oleh guru mengenai Kitab Musarar. Sama seperti saya. Namun dia menyalahi janji, musnah raja-raja di pulau Jawa. Toh, saya sudah diberitahu bahwa saya tinggal 3 kali lagi.

2. Bila sudah menitis tiga kali, kemudian ada jaman lagi bukan perbuatan saya. Sudah dikatakan oleh Maolana Ngali tidak mungkin berubah lagi. Diberi lambang JAMAN CATUR SEMUNARE SEGARA ASAT.

3. Itulah Jenggala, Kediri, Singasari dan Ngurawan. Empat raja itu masih kekuasaan saya. Negaranya bahagia di atas bumi. Menghancurkan keburukan.

4. Setelah 100 tahun musnah keempat kerajaan tersebut. Kemudian ada jaman lagi yang bukan milik saya, sebab saya sudah terpisah dengan saudara-saudara di tempat yang rahasia.

5. Di dalam teken guru Maolana ngali. Demikian harap diketahui oleh anak cucu bahwa aka nada jaman ANDERPATI yang bernama KALA WISESA.

6. Lambangnya: SUMILIR NAGA KENTIR SEMUNE LIMAN PEPEKA. Negara tersebut tanpa keadilan dan tata Negara. Setelah 100 tahun kemudian musnah.

7. Sebab berperang dengan saudara. Hasil bumi diberi pajak emas. Sebab saya mendapat hidangan KUNIR SARIMPANG dari ki Ajar. Kemudian berganti jaman di Majapahit dengan rajanya Prabu Brawijaya.

8. Demikian nama raja bergelar Sang Rajapati Dewanata. Alamnya disebut Anderpati, lamanya sepuluh windu (80 tahun). Hasil negara berupa picis (uang). Ternyata waktu itu dari hidangan ki Ajar.

9. Hidangannya JADAH SATU TAKIR. Lambangnya waktu itu SIMA GALAK SEMUNE CURIGA KETUL. Kemudian berganti jaman lagi. Di Gelagahwangi dengan ibukota di Demak. Ada agama dengan pemimpinnya bergelar Diyati Kalawisaya.

10. Enam puluh lima tahun kemudian musnah. Yang bertahta Ratu Adil serta wali dan pandita semuanya cinta. Pajak rakyat berupa uang. Ternyata saya diberi hidangan BUNGA MELATI oleh ki Ajar.

11. Negara tersebut diberi lambang: KEKESAHAN DURUNG KONGSI KASELAK KAMPUHE BEDAH. Kemudian berganti jaman KALAJANGGA. Beribukota di Pajang dengan hukum seperti di Demak. Tidak diganti oleh anaknya. 36 Tahun kemudian musnah.

12. Negara ini diberi lambang: CANGKRAMA PUTUNG WATANGE. Orang di desa terkena pajak pakaian dan uang. Sebab ki Ajar dahulu memberi hidangan sebatang POHON KAJAR. Kemudian berganti jaman di Mataram. KALASAKTI PRABU ANYAKRAKUSUMA.

13. Dicintai pasukannya. Kuat angkatan perangnya dan kaya, disegani seluruh bangsa Jawa. Bahkan juga sebagai gantinya Ajar dan wali serta pandita, bersatu dalam diri Sang Prabu yang adil.

14. Raja perkasa, tetapi berbudi halus. Rakyat kena pajak reyal. Sebab waktu itu saya mendapat hidangan BAWANG PUTIH dari ki Ajar. Rajanya diberi gelar: SURA KALPA SEMUNE LINTANG SINIPAT.

15. Kemudian berganti lagi dengan lambang: KEMBANG SEMPOL SEMUNE MODIN TANPA SREBAN. Raja yang keempat yang penghabisan diberi lambang KALPA SRU KANAKA PUTUNG. Sertaus tahun kemudian musnah sebab melawan sekutu. Kemudian ada nahkoda yang datang berdagang.

16. Berdagang di tanah Jawa kemudian mendapat sejengkal tanah. Lama-kelamaan ikut perang dan selalu menang, sehingga terpandang di pulau Jawa. Jaman sudah berganti meskipun masih keturunan Mataram. Negara bernama Nyakrawati dan ibukota di Pajang.

17. Raja berpasukan campur aduk. Disegani setanah Jawa. Yang memulai menjadi raja dengan gelar LAYON KELI SEMUNE SATRIYA BRANGTI. Kemudian berganti raja yang bergelar: SEMUNE KENYA MUSONI. Tidak lama kemudian berganti.

18. Nama rajanya LUNG GADUNG RARA NGLIKASI, kemudian berganti GAJAH META SEMUNE TENGU LELAKI. Enam puluh tahun menerima kutukan sehingga tenggelam negaranya dan hokum tidak karu-karuan. Waktu itu pajaknya rakyat adalah.

19. Uang anggris dan uang. Sebab saya diberi hidangan DARAH SEPITRAH. Kemudian Negara geger. Tanah tidak berkasiat, pemerintah rusak, rakyat celaka. Bermacam-macam bencana yang tidak dapat ditolak.

20. Negara rusak. Rakyat berpisah dengan rakyat. Bupati berdiri sendiri-sendiri. Kemudian berganti JAMAN KUTILA. Rajanya Kara Murka. Lambangnya: PANJI LORO SEMUNE PAJANG MATARAM.

21. Nahkoda ikut serta memerintah. Punya keberanian dan kaya. Sarjana tidak ada. Rakyat sengsara. Rumah hancur berantakan diterjang jalan besar. Kemudian diganti dengan lambang RARA NGANGSU, RANDA LORO NUTUTI PIJER TETUKAR.

22. Tidak berkesempatan menghias diri, SINJANG KEMBEN TAN TINOLIH itu sebuah lambang datangnya KALA BENDU. Di Semarang dan Tembayat itulah lambangnya.

23. Pajak rakyat banyak sekali macamnya. Semakin naik. Panen tidak membuat kenyang. Hsilnya berkurang, orang jahat makin menjadi-jadi. Orang besar hatinya jail. Makin hari makin bertambah kesengsaraan Negara.

24. Hokum dan pengadilan Negara tidak berguna. Pemerintah berganti-ganti. Keadilan tidak ada. Yang benar dianggap salah. Yang jahat dianggap benar. Setan menyamar sebagai wahyu. Banyak orang melupakan Tuhan dan orang tua.

25. Wanita hilang kehormatannya. Sebab saya diberi hidangan endang seorang oleh ki Ajar. Terhitung tahun 1770. Mulai perang tidak berakhir. Kemudian ada tanda Negara pecah.

26. Banyak hal yang luar biasa. Hujan salah waktu. Banyak gempa dan gerhana. Nyawa tidak berharga. Sampai tahun 1800 tanah Jawa berantakan. Kemudian Raja Kara Murka Kutila musnah.

27. Kemudian kelak akan datang TUNJUNG PUTIH SEMUNE PUDAK KASUNGSANG. Lahir di Bumi Mekah. Menjadi raja di dunia, bergelar Ratu Amisan, rdalah kesengsaraan di bumi, nahkoda ikut ke dalam persidangan.

28. Raja keturunan waliullah. Berkedaton dua di mekah dan pulau Jawa. Letaknya dekat dengan gunung perahu, sebelah barat Tempuran. Dicintai pasukannya. Memang raja yang terkenal sedunia.

29. Waktu itulah ada keadilan. Rakyat pajaknya dinar, sebab saya diberi hidangan BUNGA SERUNI oleh ki Ajar. Waktu itu pemerintahan raja baik sekali. Orangnya tampan senyumnya manis sekali.

(Dandanggula)

1. Benar-benar raharja waktu itu, tidak ada yang menghalang-halangi. Rakyat yang dikenakan pajak seribu dikurangi oleh Sang prabu, tinggal seratus dinar. Dihitung 1.800 rajanya musnah.

2. Hilang rusak bersama kedatonnya. Pulau Jawa pun rusak, peraturan tidak karu-karuan. Para pegawai serta luar negeri tidak akur. Kemudian Tuhan menobatkan SANG RATU ASMARAKINGKIN, tampan dan masih muda.

3. Kembalilah kewibawaan raja. Pasukan setia semuanya. Suka diperintah. Kedatonnya di Kediri yang satu, dan lainnya di negeri Arab. Kerta raharja keadaan negaranya. Waktu itu dihitung telah 1.900 dan Negara itupun pecah.

4. Sudah menjadi kehendak Tuhan. Datanglah raja Prenggi dengan pasukannya. Kekuatannya luar biasa, sehingga raja kalah. Tanah Jawa tunduk dan raja Prenggi menjadi raja di tanah Jawa. Sangat kejam tindakannya.

5. Waktu raja Rum dihadap oleh mantra bupati, berkata pada patihnya, “Heh, Patih. Saya mendengar bahwa tanah Jawa rajanya musnah kalah perang dengan raja Prenggi, tidak ada yang dapat menghalangi.

6. Maka dari itu, Patih. Berangkatlah dengan pasukan secukupnya. Usirlah raja Prenggi. Kalau tidak dapat jangan kamu kembali.” Kemudian ki Patih berangkat dengan pasukan Rum, datang di tanah Jawa mengusir raja Prenggi yang musnah dengan seluruh bala tentaranya.

7. Kemudian rakyat kecil gembira hatinya. Tidak ada yang sengsara. Murah segalanya. Yang ditanam subur. Jaman itu dinamakan GANDRUNG-GANDRUNG NENG LURUNG ANDULU GELUNG KEKENDON LUKAR KAWRATAN, KERIS PARUNG DOLEN TUKOKNA CAMPUR BAWUR MRING PASAR.

8. Sudah 2000 tahun. Angkasa sepi tidak terlihat apapun juga. Sudah hampi tiba waktunya kiamat. Jarang hujan, angin topan yang kepa kali datang. Bagaikan menimpa bumi dari selatan timur, datangnya menghancurkan gunung-gunung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar